Teks Anekdot "Plesetan" XII RPL 4
Teks Anekdot “Plesetan” Jam 12.45 wayahe istirahat bocah-bocah kelas 12 RPL 4 nglumpuk ing ngarep kelas guyon-guyon bebarengan lan tebak-tebakan. Lucha : “He rek, aku duwe badekan.” Lucha marani kanca-kancane ing ngarep kelas. Siti : “Apa-apa?” Vina : “Sing gampang yaa!” Lucha : “Lampu apa yen dipecah metu uwonge?” Vemida : “Lampu apa ya rekk?” karo mikir-mikir. Shinta : “Lampu ajaib a?” Lucha : “Salah..” Vina : “Lampune toko sing lagi ditutup.” Lucha : “Ya bener.” Shinta : “Alaa.. garing-garing. Ayo badekan liyane!” Oca : “Aku rek due badekan.” Bocah-bocah : “Apa-apa?” Oca : “Ana kapal disawat watu bisa kelem, kira-kira gede apane?” Lucha :...