Teks Anekdot "Plesetan" XII RPL 4


Teks Anekdot “Plesetan”

Jam 12.45 wayahe istirahat bocah-bocah kelas 12 RPL 4 nglumpuk ing ngarep kelas guyon-guyon bebarengan lan tebak-tebakan.
Lucha     : “He rek, aku duwe badekan.” Lucha marani kanca-kancane ing ngarep kelas.
Siti           : “Apa-apa?”
Vina        : “Sing gampang yaa!”
Lucha     : “Lampu apa yen dipecah metu uwonge?”
Vemida : “Lampu apa ya rekk?” karo mikir-mikir.
Shinta     : “Lampu ajaib a?”
Lucha     : “Salah..”
Vina        : “Lampune toko sing lagi ditutup.”
Lucha     : “Ya bener.”
Shinta     : “Alaa.. garing-garing. Ayo badekan liyane!”
Oca         : “Aku rek due badekan.”
Bocah-bocah : “Apa-apa?”
Oca     : “Ana kapal disawat watu bisa kelem, kira-kira gede apane?”
Lucha : “Gede kapale lah.”
Siti      : “Gede apane yaa?” Karo mikir.
Vemida : “Gede watune.”
Oca     : “Kliru kabeh rekk.”
Bocah-bocah : “Lah apa?”
Oca     : “Ya, gede omonge tah.”
Bocah-bocah : “Elayo.. hahaha.”
Siti      : “Wes rek ngko maneh. Ayo saiki istirahat disek.”
Bocah-bocah : “Yaa, ayoo.”
Bocah-bocah kuwi banjur menyang kantin sekolah bareng-bareng.



Kelompok 4 (XII RPL 4) :
1.     Rosalinda Azaroh   (07)
2.     Shinta Rizqia L.Q.   (15)
3.     Silvina Ambarwati (17)
4.     Siti Maslucha           (19)
5.     Siti Roichah              (20)
6.     Vemida Eka L.          (27)


Komentar

Posting Komentar