Postingan

Menampilkan postingan dari Oktober, 2019

Teks Anekdot "Plesetan" XII RPL 4

Teks Anekdot “Plesetan” Jam 12.45 wayahe istirahat bocah-bocah kelas 12 RPL 4 nglumpuk ing ngarep kelas guyon-guyon bebarengan lan tebak-tebakan. Lucha      : “He rek, aku duwe badekan.” Lucha marani kanca-kancane ing ngarep kelas. Siti           : “Apa-apa?” Vina        : “Sing gampang yaa!” Lucha     : “Lampu apa yen dipecah metu uwonge?” Vemida : “Lampu apa ya rekk?” karo mikir-mikir. Shinta     : “Lampu ajaib a?” Lucha     : “Salah..” Vina        : “Lampune toko sing lagi ditutup.” Lucha     : “Ya bener.” Shinta     : “Alaa.. garing-garing. Ayo badekan liyane!” Oca         : “Aku rek due badekan.” Bocah-bocah : “Apa-apa?” Oca      : “Ana kapal disawat watu bisa kelem, kira-kira gede apane?” Lucha : “Gede kapale lah.” Siti      : “Gede apane yaa?” Karo mikir. Vemida : “Gede watune.” Oca     : “Kliru kabeh rekk.” Bocah-bocah : “Lah apa?” Oca     : “Ya, gede omonge tah.” Bocah-bocah : “Elayo.. hahaha.” Siti       : “Wes rek ngko maneh.

TEKS LELUCON - XII RPL 4

PRIKSA DOKTER             Dina iku Vitto sing nembe dadi dokter oleh tugas saka kepalane dadi dokter puskesmas ing deso sing terpencil.             Pasien pertamane jenenge Regita, sing nggendong bayi cilik kuru, kaliren, kaya kurang gizi. Vitto     : “ Lare niki biasane mimike susu formula napa ASI mbak?” Regita   : “ ASI pak dokter.” Vitto     : “ Kok ketoke lare niki kurang gizi. Coba kula tingali ASI nipun mbak.”             Regita manut terus buka klambine sitik. Vitto     : “ Nuwun sewu mbak, kula priksa riyen nggeh? Kalian ngecek wonten gangguan napa mboten.”             Regita bingung tapi ya manut wae. Vitto     : “ Sae-sae mawon kok mbak, cobi kulo tingali nggeh, medal napa mboten ASI nipun.”             Regita tambah bingung, tapi ya pancet manut wae. Regita   : “ Sampun napa dereng dok?” Vitto     : “Kok mboten medal ASI nipun mbak?” karo ngecek ASI. Regita   : “ Nggeh jelas mboten medal dok, wong kula niki budene.”             Sawise pas

Anekdot lan crita lucu

Teks anekdot mujudake teks ringkes kang lucu lan bisa nglipur pamaos lan duweni sifat nyemoni utawa nyindir. Sing disindir biasane pejabat2 tertentu miturut situasi sosial kang lagi in. Saliyane anekdot ana crita lucu, dhagelan lan, plesedan lan lelucon uga bisa nglipur pamaos. Ananging jenis-jenis iki ora duweni ancas kanggo nyemoni wong/kahanan tartamtu.