TEKS LELUCON - XII RPL 4



PRIKSA DOKTER

            Dina iku Vitto sing nembe dadi dokter oleh tugas saka kepalane dadi dokter puskesmas ing deso sing terpencil.
            Pasien pertamane jenenge Regita, sing nggendong bayi cilik kuru, kaliren, kaya kurang gizi.

Vitto    : “ Lare niki biasane mimike susu formula napa ASI mbak?”
Regita  : “ ASI pak dokter.”
Vitto    : “ Kok ketoke lare niki kurang gizi. Coba kula tingali ASI nipun mbak.”
            Regita manut terus buka klambine sitik.
Vitto    : “ Nuwun sewu mbak, kula priksa riyen nggeh? Kalian ngecek wonten gangguan napa mboten.”
            Regita bingung tapi ya manut wae.
Vitto    : “ Sae-sae mawon kok mbak, cobi kulo tingali nggeh, medal napa mboten ASI nipun.”
            Regita tambah bingung, tapi ya pancet manut wae.
Regita  : “ Sampun napa dereng dok?”
Vitto    : “Kok mboten medal ASI nipun mbak?” karo ngecek ASI.
Regita  : “ Nggeh jelas mboten medal dok, wong kula niki budene.”
            Sawise pasien pertama ditangani, melbu pasien keloro.
Rima    : “ Sugeng Siang”
Ticha   : “ Nggeh, Sugeng Siang ibu, wonten napa buk?”
Rima    : “ Doktere ten pundi mbak?”
Ticha   : “ Doktere taksih istirahat, niki kula asisten e Dokter Vitto.”
Rima    : “ Oh nggeh, ngeten suster, niki wau kuping tengen kula kelebon kacana ijo.”
Ticha   : “ Kula tingali riyen, mangga sarean miring ngiwo bu.”
Ticha   : “ Niki perlu dioperasi bu, namung sekedik mawon kok.”
Rima    : “ Lajeng operasine sekitar pirang yuta suster?”
Ticha   : “ Sekitar kaleh yuta bu.”
Rima    : “ Waduh kok larang banget suster, mboten saged kirang ta?”
Ticha   : “Anggere sabar nggeh saged murah, malah gratis.”
Rima    : “La pripun carane suster?”
Ticha   : “ Saben enjing lan sonten jenengan sirami. Mangke yen pun dados kecambah, jenengan dudut.”
            Sawise pasien keloro kang greget, Vitto sampun rampung istirahat lan ngenteni pasien liyane maneh.
Safira   : “ Siang Pak Dokter Ganteng.” (melbu ruangan karo mesam mesem)
Vitto    : “ Siang mbak, wonten perlu napa?”
Safira   : “ Kula badhe mriksaaken mripat kula niki, yen ningali adoh ngeblur.”
Vitto    : “Coba kula priksa riyen.”
Safira   : “ Sampun napa dereng dok?”
Vitto    : “ Sampean kudu nggawe kacamata supaya ningali adoh jelas.”
Safira   : “ Kula sampun nggadah kacamata namung kegedean, kalawingi kula sambat ten bapak kula kaleh bapak diparingi kacamata niki.”
Vitto    : “ Pundi kula tingali rumiyin.”
Safira   : “ Niki dok.”
Vitto    : “ Elahdalahhhh mulane kegedean wong ancene kacamata jaran.”
Safira   : “ la kula nggadah e niki mawon dok, ehehehe”
            Taksih dina pertama pasien e Vitto wis aneh aneh, piye mene mene ne opo gak tambah aneh aneh.

Kelompok 5

1.      Regita Cahya Ningrum
2.      Rima Suryanti
3.      Safira Lazuargi
4.      Ticha Fauziah
5.      Vitto Maldinha
6.      Wahyu Kharisma



Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Seru...Seru..DIRGAHAYU INDONESIAKU GURU DAN MURID PERINGATI HUT RI KE 74 DI SMKN 6 MALANG

PENANGANAN SAMPAH PLASTIK DI SEKOLAHKU

GERAKAN LITERASI