TUGAS BAHASA JAWA
      TEKS ANEKDOT SINDIRAN     



Klambi Larang (Klambi Tahanan)


         Paijo bocah kelas 3 SMKN 6 Malang, seneng belanja klambi kanthi ngalah-ngalahi bocah wadon. Paijo bedo banget karo kanca sebangkune Suparman.
         Isuk – isuk ing kelas, Paijo ndeloki katalog klambi saka hp ne banjur diparani karo suparman,
Suparman : “Jo, awakmu iki panggah ngunu wae, panggah ndeloki katalog klambi.”

Paijo : “La apik-apik lo, iki deloken talah uuuapik tenan to klambine?”
Suparman : “Iyo ii aapik tenan, tapi deloken regane disek.”
Juminten nyemauri....
Juminten : “Lapo to rek, kok rame dewe wae.”
Suparman : “La iki lo Paijo bingung katalog klambi mulai mau jan ngalah-ngalahi bocah wadon wae!”
Paijo : “Ya ben, masio bocah lanang cek kekinian ngunu lo!”
Juminten : “Piro ta regane klambi kuwi?”
Paijo : “150 ewu jum.”
Juminten : “walah model klambi kaya ngono ora ono apa-apane.”
Suparman : “lah piye ta?”
Paijo : “Piye ta kowe iki klambi e apik koyo ngene kok jare genok apa-apane.”
Suparman : “iki lo rek aku nemu klambi apik regane yo lumayan larang.”
Juminten : “pira ta regane man?”
Suparman : “900 ewu jum.”
Juminten : “Halah rego samunu kok dibanggakna pingin ngerti sing luwih larang,ora?”
Suparman & Paijo : “Piro regane sing luwih larang?”
Juminten : “2 milyar.”
Suparman : “lah klambi model opo kok larang temen?”
Juminten : “klambi tahanan.”
Suparman : “wealah kok iso to jum?”
Juminten : “yo iso wae, coba deloken politisi kepingin klambi tahanan wae kudu njupuk duwek 2 milyar lagek oleh gawe klambi kuiw.”
Suparman & Paijo : “Ahahaha, luarang yo tibka e, senajan klambi larang aku emoh nggawe klambi kuwi amarga klambi koruptor.”

         Sakwise omong-omongan hpne Paijo dilebokno tas amarga bel wes muni. Banjur kanca-kancane sak kelas dunga bebarengan kanggo ngewiwiti pelajaran.



 Nama Anggota Kelompok :

  1.   Revina Dwi P                                 (03)
  2.   Salma Bela S                                  (09)
  3.   Shinta Agustin                              (13)
  4.   Sultan Brilliant                             (21)
  5.   Wahyu Chirobi                              (29)
  6.    Velinda Nuril I                             (26)
  7.    Wiji Nur A                                     (31)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Seru...Seru..DIRGAHAYU INDONESIAKU GURU DAN MURID PERINGATI HUT RI KE 74 DI SMKN 6 MALANG

PENANGANAN SAMPAH PLASTIK DI SEKOLAHKU

GERAKAN LITERASI